Friday, 7 May 2021

OJO LUNGO GANJIL, Pamali le

" kring kring " suara Handphon berbunyi. 
" sopo seh seng telpon.ganggu wong kate turu ae. oalah mega. hallo..opo meg ?"
" he ko, awakmu preian kuliah iki kate ndek ndi ? sibuk ora ? "
" preian kuliah yo ?, koyoke ra ndek ndi ndi meg. nyantai ae ndek kos." 
" kesok melok aku dulin neng blitar yuk, ndek umahe sendya. mari ngunu mbalek neng banyuwangi.gelem opo ora?" 
" sopo ae emange seng melok meg ?"
" aku,awakmu , sendya "
" jangkrek.mek cah telu ae. mohlah males. mosok aku dadi setane "
" loh terus yo opo ?" " lek oleh aku ngajak anjar. dadi lek awakmu pacaran. aku ono koncone "
" konco dadi setan ? kwkwkwkwkw " 
" duk." 
"opo terus ?" 
" konco homo. puas!!!" 
" kwkwkwkwkwkw " 
" yowes.tak turu sek. assalamualaikum " 
"waalaikumsalam "

keesokan harinya,jam 08.00 pagi, aku bersiap siap untuk pergi kekosnya mega.sebelum aku berangkat, tak lupa aku pamitan ke bapak kos.kalau aku akan pergi beberapa hari. 
" assalamulaiakum "
" waalaikumsalaam.eh nak rico, ono opo le? " 
" dadi ngene pak.kulo kate lungo pirang dino. kulo teng mriki kate titip kunci kos "
" kate lungo neng ndi le ?" 
" teng blitar pak. mari ngunu wangsul teng banyuwangi " 
" dewean? "
 " mboten pak.kale rencang rencang " 
" oalah rame rame. " 
" emange nopoo pak?" 
" gak opo opo le.seng penting sampean ora budal ganjil. jare wong biyen lek lungo ganjil iku pamali " 
" halah pak, sampean iku ono ono wae. sek percoyo ae omongane wong biyen." 
" seng penting ileng ilengen ae omongane pak kos iki. ojo sampe kedadean seng gak dikarepi." 
"ok pak.siap.kulo pamit nggeh.assalamuailaikum " 
"waalaikumsalam" 

 sesaimpainya aku didepan kos mega. sudah ada anjar,sendya, mega dan erly yang sedang nunggu aku. " hai bro "
"bra bro bra bro, iki jam piro ko " -anjar 
" jam setengah 9? opoo emange " 
" kon telat goblok " - anjar 
" mboh arek iki,wes telat gak nduwe salah maneh." -mega 
" sory, aku mau neng ndalan nulungi kucing nyebrang dalan " 
" alasan." -mega
" wes wes ojo rame ae.ayo budal" -sendya 
" sek sek. kok ono erly? " 
" iyo, aku seng ngejak." -mega 
"opoo,aku gak oleh melok ta ?" -erly 
" kuduk ngunu erl. aku baru ileng omongane pak kosku mau." 
"omongan opo emange?" -erly 
" yen lungo wonge ojo ganjil, pamali" 
" halah tahayul " -mega 
" saiki wes tahun 2015 ko, sek percoyo ae omongane wong biyen. kucluk" -erly 
" wes wes ojo ngemeng ae. saiki dibagi wonge, pedae cuman telu iki " -sendya 
" aku karo sendya " - mega 
" aku karo..... " - erly 
" rico " -anjar 
" he cok...kok karo aku. abot gowo erly iku " 
" lek awakmu abot,opo maneh aku seng cilik iki cok " -anjar 
" taek kon njar. ono ae alesane " 
 " kwkwkwkkwwkwkwkwk " -anjar 


Bersambung

No comments:

Post a Comment

 

@Copyright2015 Design By Bang Ocir