Sunday, 3 January 2016

bojo setia

Pengarang: Agil Monita KP
Ing sawijining dina. Urip saudagar sing sugih panguripane, apik atine lan tansah ngayomi dening fakir miskin. Saudagar kuwi duwe bojo telu (3) sing ayu rupane. Keranten sering mborong dagangan-dagangan sing okeh saudagar kasebut di juluki Saudagar Borong.
Saudagar Borong              : “Bojo-bojoku, aku arep menyang dening negara sebrang”
Bojo 1                                 : “Iyo kang mas !”
Saudagar Borong              : “Bojo-bojoku sing ayu rupane, njaluk oleh-oleh opo to ?”
Bojo 1                                 : “Aku njaluk ditukokke gelang emas sing 24 karat !”
Bojo 2                                 : “Aku pisan njaluk ditukokke liontin bermata berlian !”
Bojo 3                                 : “Kula mung nuwun kaselametane sampean lan akal sehat”
Saudagar Borong              : “(Mikirake apa sing dikarepna karo bojone sing nomer 3), kira-kira sopo sing arep ngedol akal sehat ?”

Saudagar Borong tindak menyang negara seberang, ngono kuwi wis sering dilakoake marang Saudagar Borong. Ra suwi Saudagar Borong teka lan ora lali nggowokake oleh-oleh kanggo bojo-bojone, nanging Saudagar Borong ora biso menuhi kekarepan’e bojone sing nomer telu yaiku akal sehat..
Saudagar Borong              : “Kanggo bojo-bojoku iki kekarepan mu wes tak gowokke !”
Bojo 1                                 : “Endi to kang mas ?”
Bojo 2                                 : “Iyo-iyo,,ndi to kang mas ?”
Saudagar Borong              : “Iki (karo ngekekne oleh-oleh’e) !”
Bojo 3                                 : “Kang mas! Sampean kapan dateng ?”
Saudagar Borong              : “Jek tas teko dek ajeng,,dek ajeng sepurane eo aku ra iso nggowokake apa sing dadi kekarepane dek ajeng !”
Bojo 3                                 : “Inggih kang mas mboten nopo-nopo”
Saudagar Borong isih bingung karo kekarepane bojone sing nomer telu, akhir’e Saudagar Borong tindak dateng negara sebrang meneh lan nggoleti kekarepane bojo seng nomer telune kuwi,,ra sengojo wektu ing pinggir pesisir ketemu karo bocah cilik.
Bocah Cilikan                   : “Pak ketingalane jenengan bingung, padahal bapak niki mboten tiang miskin tapi menopo bapak ko’ nggeh tetep bingung, nopo malih seng kurang ?”
Saudagar Borong              : “aku ra kurang opo-opo,,tapi aku durung biso menehi keinginan bojoku nduk !”
Bocah Cilik                       : “Memang nopo to pak kekarepane tiang setrine jenengan ?”
Saudagar Borong              : “Bojoku njalok aku nggolekake akal sehat”
Bocah Cilik                       : “Nopo pak (karo ngguyu)?”
Saudara Borong                : “Opo’o nduk,,opo kowe apene nganggep aku wong edan koyo wong-wong sing liane ?”
Bocah Cilik                       : “mboten pak,,sepuntene..kulo kiro mboten wonten sing bakalan ngedol akal sehat kejaba....”
Saudagar Borong              : “Kejaba sopo nduk ?”
Bocah Cilik                       : “Ngeten pak,,teng meriki wonten mbah-mbah sing arif lan wicaksono,,mbah niku termashur teng desa niki keranten pengetahauane sing luas mbah niku namine Mbah Bijak. Lan sifatipun bedo sanget kalian tiang sepah lintune”
Saudagar Borong              : “Apa bener to nduk ?”
Bocah Cilik                       : “Inggih,,bapak saget nyuwun nasihat marang Mbah Bijak niku”
Saudagar Borong              : “Nang ndi umah’e Mbah Bijak kuwi ?”
Bocah Cilik                       : “Kula kinten nemokake Mbah Bijak kuwi sulit sanget,,diperluake sabar lan tekun,lek bapak beruntung pasti saget nemokake”
Saudagar Borong              : “Yo wis nduk,,kesuwun atas saran mu kuwi !”
Bocah cilik kuwi menehi katerangan lan nambahake katerangan tentang ciri-cirine Mbah Bijak kuwi. Saudagar Borong saben dina saben bengi ngubengi pesisir pas dina ke pitu langit’e cerah, moro-moro mripate tertuju karo wong tuwo sing nggae jubah putih lan lungguh ing watu tepi laut. Saudagar Borong marani wong tuwo kuwi naliko ngajak kenalan, Saudagar Borong nyeritakake maksut katekane ing wong tuwo kuwi.
Mbah Bijak                       : “Kon iki wis kakean bojo, lan ing antarane ke2 bojomu kuwi ora ana sing tresna karo kowe le ! tapi kowe kudu nalak bojomu sing pertama lan kapindo, cukup siji wae sing dadi bojomu.”
Saudagar Borong              : “Kepundi carane kula kersane semerap ing antarane bojo kula sing setia dateng kula ?”
Mbah Bijak                       : “Kadung mengko kowe bali nyedeki pesisir aja kesusu nyandar ing pelabuan. Tapi, jarno sedhela kapalmu mandeg ing tengah. Kowe menyang ing ndarat nganggo perahu wae. Kowe kudu nggae klambi compang-camping lan kudu geblesan kabeh, koyo-koyone ana ing derita. Nek kowe wis ketemu karo bojo-bojomu ngomongo karo bojo-bojomu nek kapalmu kelem, perniaga’anmu bangkrut lan utang numpuk.”
Saudagar Borong              : “Maturnuwun nggih mbah,,niki wonten kidik yotro jenengan terimo !”
Mbah Bijak                       : “Ojo wis le gak usah,,mending saiki awakmu cepet bali !”
Pas waktu Saudagar Borong bali cuaca ing daerah’e cerah. Saudagar Borong merintahake nahkodane kanggo ngendekne kapal’e ing tengah. Saudagar Borong mendarat ing pelabuhan nggawe perahu lan kelambi compang-camping lan eblesan. Saudagar Borong moro ing omah’e bojo-bojone.
Saudagar Borong              : “(Karo ngetuk lawang) tokh,,,tokh,,,tok,,,! Assalamualaikum”
Bojo 1                                 : “(karo mbukak lawang) Sopo to kuwi iki ?”
Saudagar Borong              : “Aku bojomu dek ajeng”
Bojo 1                                 : “(kaget) opo?,,gak mungkin awak mu bojoku,,, Saudagar Borong kuwi sugih ora melarat koyo awak mu iki”
Saudagar Borong              : “Aku saiki wis melarat lan utangku numpuk !”
Bojo 1                                 : “Oppoo ????,, minggato kuwe teko umah ku iki .. ora sudi aku nduwe bojo koyo awakmu !!”
Saudagar Borong              : “Umah iki lho aku sing tuku ,, kok awakmu malah ngusir aku”
Bojo 1                                 : “Umah iki saiki lho wes dadi hak ku .. Saiki mending minggato tekan kene !!”
Saudagar Borong pun ninggalno umahe bojone sing pertama.Langsung wae Saudagar Borong menyang ing omahe bojone sing kapindo
Saudagar Borong              : “Assalamualaikum”
Bojo 2                                 : “Spo ? (Karo mbukak lawang)”
Saudagar Borong              : “Aku bojomu dek ajeng,,”
Bojo 2                                 : “Ora mungkin”
Saudagar Borong              : “Iyyo dek ajeng ,, saiki aku wis mlarat lan utangku numpuk , aku wis ora duwe opo-opo meneh”
Bojo 2                                 : “Emm .. Kebeneran banget , aku sakat mbiyen wis pengen pegatan karo awakmu , kerana aku wis suwi duwe demenan liyo dadi aku saiki njalok talak karo awakmu !”
Saudagar Borong              : “Tapi dek ajeng ?”
Bojo 2                                 : “Wis…wis… kono minggato tekan kene aku moh nulih rupa mu maneh !”
Karo ati ati nelongso Saudagar Borong pun menyang marang umah’e bojone sing nomer telu ing kono Saudagar Borong ngolehi sambutan ing alus tur apik
Saudagar Borong              : “Assalamualaikum”
Bojo 3                                 : “Walaykumsalam (karo mbukak lawang)”
Saudagar Borong              : “Ijek ingwt karo aku to sampean dek ajeng ?”
Bojo 3                                 : “Injih kang mas,,jenengan napuo ko’ sampek koyo ngeten (karo mempersilahkan Saudagar melbu ing omah’e) ?”
Saudagar Borong              : “Aku saiki wis melarat lan utangku numpuk dek ajeng”
Bojo 3                                 : “(karo ngekekne anduk) niki kang mas,,,! Rumiyin kula damelaken kopi !”
Saudagar Borong              : “Opo’o dek ajeng ko’ ora mangkel lan ngindari kang mas mu iki koyo bojo-bojoku sing lain”
Bojo 3                                 : “Kang mas masiyo jenengan sugih utawa melarat aku tetep tresno lan setiyo kaleh jenengan”
Sesuk’e bojo-bojone sing pertama lan kapindo di talak lan bojo-bojone kuwi ngeroso nelongso wis tau nyiyo-nyiyo lan mbentak-mbentak Saudagar Borong

No comments:

Post a Comment

 

@Copyright2015 Design By Bang Ocir